ASAL MULA KOTA WONOGIRI
Nalika
jaman kraton Demak, ana wong kang seneng tapa brata sing sekti mandraguna. Asmane priyayi iku
yaiku Ki Kesdik Wacana. Panjenengane urip ijen lan tapa ana gua sacedhake gunung Sewu. Gunung mau dikupengi
dening alas sing gung liwang Liwung. Mula gawat gawat kaliwat-liwat. Ewasemono
papan mau minangka papan kang endah sesawangane, sarta subur loh jinawi apa
kang tinandur mesthi bakal dadi.
Ing
sawijining dina wektu ana raja sing lagi mbebedhak kewan alas kang didherekake
dening para senopati lan para prajurit. Yen bisa entuk kidang, bakal diolah lan
dipangan ing alas mau, saperangan digawa menyang kraton. Papan tilase sing
kanggo seneng-seneng banjur dijenengake desa Seneng. Nganti saprene papan mau
isih ana. Bab mau nganti kepireng dening raja ing Demak. Mula banjur didhawuhi
Raden Panji supaya sowan Ki Kesdik Wacana. Sang Raja ngersakake kidang-kidang
pilihan bakal dienggo klangenan.
Ki
Kesdik banjur minangkani panyuwune Sang Raja. Kanthi kasektene Ki Kesdik nglebokake
kidang-kidang mau ana sajrone bumbung petung banjur disumpeli. Bumbung mau
banjur diaturake Raden Panji kanthi pesen, “Raden Panji, bumbung iki isine
kidang-kidang sing dikersakake Sang Prabu. Daklebokake ana ing bumbung supaya
gampang digawa. Kajaba iku anggonmu tumeka kraton Demakisih adoh. Mula aja
pati-pati dibukak yen durung ana ngarepe Sang Prabu Demak”.
“Inggih sendika dhawuh Sang Resi, kula badhe estokakeen sedaya
dhawuhipun Sang Kesdik Wacana,” ature Raden Panji tansah kebak urmat. Sajroning
bali menyang Demak, penggalihe Sang Panji tansah tuwuh kepengin mangerteni
geneya among bumbung sing diparingake, apa bisa kidang – kidang mau dilebokake
ing jero bumbung. Ewasemono welinge Ki Kesdik tansah gawang – gawang ngalela
ing penggalihe.
Nalika
ngliwati alas jati gung liwang-liwung kang sepi banget, Raden Panji tuwuh
pepinginane mbukak bumbung. Nalika bumbung dibukak, dumadakan pating brubul ana
kidang wolung pasang utawa enem belas cacahe padha mlayu mlebu ing alas. Raden
Panji banjur eling lan enggal ngoyak kidang – kidang mau. Saking cepete anggone
mlayu, dumadakan kethune tiba nanging ora digatekake. Panjenengane tetep wurung
ora bisa nyekel kidang – kidang mau.
Raden
Panji banget gelane yen ngelingi tumindake kang sembrana mau. Atine ora jenjem
kepara lemes dumes awake, ora ngerti apa sing kudu ditindakake. Yen bali
menyang Demak, Sang Prabu mesti duka. Dene yen bali menyang papane Ki Kesdik
ora wani ngadhepi dukane Ki Kesdik. Ki Kesdik pirsa sakabehe lelakone Sang
Panji, mula enggal – enggal nusulSang Panji. Ing alas Ki Kesdik nemu kethune
Sang Panji. Mula papan mau banjur dijenengake “Wana Kethu”. Nganti saprene
papan mau diarani Wana Kethu.
Ora
antara suwe, Ki Kesdik Wacana nemoni
Raden Panji. Kanthi gragapan lan kaget Raden Panji sujud nyuwun pangapura lan pasrah. Senajan wis diapura, nanging
luput tetep dipatrapi paukuman. Wiwit iku Raden Panji disebdakake dadi Kidang
Wulung sing nunggu ing alas jati. Satemene kidang Wulung nangis nggelani
lelakon lan nyuwun dijabel kabeh ngendikane Ki Kesdik. Nanging wis ora bisa
maneh. Mula wiwit iku Kidang Wulung sing mimpin ing alas Kethu.
Ki
Kesdik banjur nerusake laku tekan ing
gumuk kang endah. Ana ing papan mau banjur dijenengake Gunung Giri. Ing papan
iku uga, Sunan Giri banget nggumun marang endahe sesawangan Gunung Giri l;an
alas sakiwa tengene. Mula papan mau dijenengake Wonogiri. Wana tegese alas,
Giri tegese gunung. Nganti saiki papan mau dadi Kutha Wonogiri.