27.8.18

MATERI PELAJARAN SEKOLAH : CERITA BAHASA JAWA : ASAL USUL BANYUWANGI




Ing jaman riyen wonten tlatah Jawa Timur gesang Raja lan Permaisuri ingkang sami-sami tresna. Kados pundikemawon permaisuri menika ugi anggadahi paras engkang ayu lan gemati dening keluargi. Gejaba menika piyambake ugi setiya sanget dening garwanipun.

Wonten sawijining dinten, Raja nduwe pangangkah kesah datheng ngalas konjuk berburu menjangan utawi sangsam. Raja banjur bidhal kanti rencangi para pengawale.

Saksampune dangu wonten ngalas, Raja banjur kondur datheng kraton. Permaisuri bungah sanget nalika ningali Raja kondur.
ilustrasi-cerita-legenda-bahasa-jawa-banyuwangi
Ilustrasi Cerita Bahasa Jawa Banyuwangi
Permaisuri caos pirsa dateng Raja menawi sakjroning Raja kesah wonten tami saking keraton sanes. Nanging nalikaning Raja badhe memoni tamu punika, dumadakan Raja mireng menawi tamu kesebat akrab sanget dening Permaisuri. Kedadean menika anggawe Raja duka uga cemburu lan nuduh Permaisuri sampun selingkuh kaliyan tamu punika. Permaisuri mitadosaken Raja menawi punika mboten leres.

Nanging Raja tetap mboten percaya marang Permaisuri. Sinambi nangis banjir eluh Permaisuri criyos: “Rama, kula kersa mbuktikaken menawi kula mboten salah, Kula badhe nyemplung wonten kali wingking keraton, menawi mangke toya kali punika mambu busuk, nandake tuduhan Rama dateng kula menika leres. Nanging, menawi toya kali punika wangi, nandake tuduhan dening kula mboten leres, “wilujeng tilar Rama”. Sakwise kedadean kesebat, kali panggen tilaripun Permaisuri punika dipunsukani nami “BANYUWANGI”.


Artikel Lainnya