Sejarah asal usul Baturraden iku ana
rong versi, yaiku versi Kadipaten Kultalimah lan versi Syekh Maulana Maghribi.
Baturraden saka rong tembung yaiku
Batur sing tegese kanca utawa bukit, lan Raden sing tegese Bangsawan. Dingeti
saka tembunge, Baturraden nduweni rong teges :
1.
Batur-Radin,
tegese lemah datar
2.
Batur-adi,
tegese lemah sing apik
Teges kuwi ana hubungane karo lereng
Gunung Slamet saka kulon mengetan tekan Dieng Plateau. Ing cedhak Baturraden
ana sing diwiwiti nggawa tembung Batur : Batur Agung, Batur Golek, Batur
semende, Batur Sengkala, Batur Macan, Batur Duwur, Batur Wadas Galengan lan
Batur Begalan.
Versi Kadipaten Kutaliman
Biyen ana Kadipaten sing jenenge
“Kutaliman” sing nggone ana 10 km kulone Baturraden. Adipati nduweni anak wadon
lan game (pembantu sing njaga jaran). Salah sijining anak wodone seneng karo
gamel kuwi. Adipati wis krungu yen anake nduwe rasa karo gamel, banjur gamel
lan anak wadone diusir saka Kadipaten. Ing ndalan dheweke nglahirna bayi ing
cedhak kali, banjur kaline dijenengi “Kaliputra”. Nggone kira-kira 3 km saka
lore Kutaliman. Wong loro kuwi nemu nggon sing apik kanggo mbangun omah sing
dijenengi “Baturraden”.
Versi Syekh Maulana Maghribi
Biyen ing Negara Rum, ana Pangeran
sing jenenge Syekh Maulana Maghribi saka Turki sing mlebu agama Islam lan
dheweke uga ulama. Nalika pajar, sakwuse dheweke sholat, dheweke weruh cahaya
saka wetan sing mebur ning nduwur. Banjur dheweke ngundang kancane yaiku Haji
Datuk supaya luru cahaya sing mebur kuwi.
Syekh Maulana lan Haji Datuk mangkat
karo nggawa 298 prajurit. Sakwuse tekan Pantai Gresik Syekh Maulana ngakon
prajurite prajurite supaya bali ning Kadipaten. Syekh Maulana lan Haji Datuk
neruske mlakune tumekan Pemalang nyambi nyebarke agama Islam. Banjur neruske
ning Kidul tumekan alas lan aso ana ing wit Randu sing ambruk, nggon kuwi
dijenengi “Randudongkal”. Dheweke loro neruske mlakune ing wetan, tumekan
sendang. Syekh Maulana shola ting sendang kuwi. Sakwuse krasa kesel, Haji Datuk
njaluk supaya aso ing watu-watu tumpukan , sing dijenenhi “Watu Kumpul”.
Syekh Maulana lan Haji Datuk tumekan
ing nggon cahaya sing diluru. Nanging ning kunu ana pertapa sing nganggo
kopiyah. Syekh Maulana ngucap salam, banjur pertapa kuwi mangsuli “aku iki wong
Budha sing sakti”. Krungu wangsulane pertapa, Syekh Maulana njaluk supaya
pertapa gelem ngetokna kesaktiane. Pertapa kuwi setuju, kopiyahe di uncalke
ning langit. Syekh Maulana ora gelem kalah, banjur klambine diuncalke ning
nduwure kopiyah mau. Pertapa ora terima, dheweke nyusun endhog sing nduwure
saklangit, Syekh Maulana banjur njupuki endhog kuwi saka ngisor lan ora ana
sing tiba.